Selasa, 05 Mei 2015

Balungan Lampahan HARJUNASASRA LAIR

BALUNGAN LAMPAHAN HARJUNASASRA LAIR
Sanggit ki H. Anom Suroto
1.    Jejer Nagari Maespati
Prabu Partawirya (Sasrawirya) kaadhep ingkang rayi (kadang nata saking garwa selir) Harya Sasraatmaja tuwin Patih Citrayatna.

Rembag:
Sang nata sedya nyirami kang garwa Dewi Danuwati kang wus nggarbini sepuh. Kajawi punika Prabu Partawirya menggalih mring sentana kekalih (kadang anem tunggil eyang, putra sawargi keng paman Resi Wisanggeni lan Dewi Renuka ing Pertapan Jatisarana) inggih punika Bambang Suwandagni tuwin Bambang Jamadagni, sampun tigang pisowanan tan katingal seba.

Adegan Babak Ujal.
            Sowanira kang rayi Bambang Suwandagni, matur lamun denira wus tigang pisowanan tan seba, jalaran lagya nandhang reribet, yeku angraosaken tingkahira kang rayi Bambang Jamadagni, dene dupi wuninga slaganira kang ibu Dewi Renuka duk ing nguni kang remen sedheng kaliyan para satriya Maespati, sang Jamadagni gya kesah sapurug-purug dados tiyang kumprung, mlebet wana dados tiyang alasan. Saben dinten tansah nyikara lan mejahi para satriya. Dene ujubipun sang Jamadagni makaten wau, amung nedy nyuntak raos sengit mring para satriya kang den anggep njejemberi tiyang sepuhira.
            Prabu Partawirya gya paring dhawuh mrih Suwandagni sareh ing manah, amrih tan katut risak gesangira kadi jamadagni. Suwandagni matur sendika.
            Katungka sowanira Ditya Gohmuka, utusanira Prabu Wisrawa ing Lokapala, kinen ngaturaken serat panantang, kanthi dhasar prameswari Maespati Dewi Danuwati nedya kasuwun. Panantang makaten wau den wangsuli dening Bambang Suwandagni, temahan Gohmuka medal jawi, Suwandagni nututi. Prabu Partawirya parentah mring Harya Sasaatmaja lan Patih Citrayatna kinen mbidhalaken wadya sagelar sapapan, njampangi Bambang Suwandagni.

2.    Adegan Pasanggrahan Taratag Bang
Patih Banendra kaadhep Ditya Gohgora, Simparawan, lan Sugati. Anampi sowanira Ditya Gohmuka.

Rembag  :
Ditya Gohmuka matur lamun panantangira nata Lokapala den ajangi dening Bambang Suwandagni. Patih Lokapala Raden Banendra gya parentah siyaga ngrabasa Maespati. Wadya bala sigra bidhal.

3.    Adegan Perang Gagal
Wadya Lokapala kapapag wadya bala Maespati, sulayaning rembag dadya prang. Bambang Suwandagni ngamuk punggung. Patih Banendra kaseser gya kukut baris, bedhol wangsul mring Lokapala.

4.    Adegan Nagari Lokapala
Prabu Wisrawana kaadhep kang rayi Raden Danapati tuwin pujangga Lokapala brahmana yaksa Begawan Wisnungkara.

Rembag   :
            Sang nata nedya mbedhah Nagari Maespati. Raden Danapati lan Begawan Wisnungkara sami ngemutaken, nanging Prabu Wisrawana tan nggega, malah duka.
                        Katungka sowanipun Patih Banendra atur uninga lamun Nagari Maespati den dhepani dening Bambang Suwandagni kang tuhu sekti mandraguna. Saha matur lamun Dewi Danuwati wus nggarbini sepuh, lan den kekahi.
         Prabu Wisrawana gya dhawuh mring kang rayi Harya Danapati kinen sowan nyuwun pangestu mring rama Begawan Wisrawa ing pertapan Dederpenyu (Argapura). Danapati sendika gya bidhal. Dene Prabu Wisrawana gya parentah mring Patih Banendra kinen sowan mring Ngalengka, nyuwun biyantu Prabu Sumali, keparenga sesarengan nggempur Maespati. Patih Banendra sandika, gya pamit bidhal. Dene sang Prabu Wisrawana lan Begawan Wisnungkara nulya ngirapaken wadya raseksa nyerang Nagari Maespati.

5.    Adegan Pertapan Dederpenyu (Argapura)
Tokoh:  Begawan Wisrawa lan keng garwa Dewi Lokati (putri swargi Prabu Lokawana ing Lokapala), kaadhep Semar, Gareng, Petruk, Bagong.

Rembag :  Sang wiku prihatos menggalih tingkahing kang putra Prabu Wisrawana kang nedya mbedhah Nagari Maespati. Katungka sowanira keng putra Raden Danapati, matur kautus dening kang raka Prabu Wisrawana, kinen nyuwun pangestu nggenira nedya mbedhah Maespati. Begawan Wisrawa paring wisik mring kang putra Danapati lamun wahyu kaprabon Lokapala tan dangu malaih arsa oncat saking sang Wisrawana lan manjing mring Danapati. Sang Bagus gya kadhawuhan nganthi Punakawan sumusul kaang raka Wisrawana ing Maespati, nanging tan kapareng tumut ngayahi perang, amung kadhawuhan ngulat-ulati kewala. Danapati sendika gya pamit bidhal kadherekaken Punakawan. Sapengkerira kang putra Danapati, Begawan Wisrawa gya mesat anggegana njampangi kang sami bandayuda.
Kacarita raseksa lelembut balanira Sang Hyang Kala nedya pados panitisan ngrubeda Dyan Danapati, temah dadya prang, para raseksa kasoran gya lumajar.

6.    Adegan Nagari Ngalengka
         Prabu Sumali (raja raseksa) kaadhep kang putra Raden Prahastha. Nampi sowanira Patih Banendra atur uninga lamun kautus Prabu Wisrawana ing Lokapala, kinen nyuwun sabiyantu sesarengan mbedhah Nagari Maespati.
         Prabu Sumali rumaos pekewet jalaran Prabu Partawirya ing Maespati wau taksih kadang pripeyan. Marma amung maringaken biyantu wujud senapati raseksa Ditya Kala Mangliawan. Nalika Mangliawan tinimbalan ngadhep, nyarengi sang Hyang Kala manitis, marma sangsaya katingal galak wengis. Wusnya nampi dhawuhing nata, Ditya Mangliawan lan Patih Banendra gya pamit bidhal mring Maespati.

7.    Adegan Candhakan ing Marga
         Hyang Wisnu lan garwa Bathari Sri ngupaya panitisan. Lampahira Bathari Sri kapapag Ditya Mangliawan kang wus tinitisan Sang Hyang Kala. Mangliawan nedya anggarwa Bathari Sri, nanging sang dewi mundhut bebana supados Mangliawan saged nyirnakaken Prabu Partawirya. Mangliawan sagah, gya mesat nggegana mring Maespati.
         Hyang Wisnu nitis mring Begawan Wisnungkara ing Lokapala, dene sanjata Cakra nitis mring jabangbayi atmajanira Prabu Partawirya kang arsa lair, jalaran ing tembe Hyang Wisnu ugi arsa nitis mring jabangbayi wau. Nulya Bathari Sri nitis mring putra Magada Dewi Citrawati.

8.    Adegan Candhakan ing Pertapan
         Bambang Suwandagni kinrubut wadya raseksa saking lokapala lan Ngalengka, tuwin tinlabung dening Ditya Mangliawan, temahan sang bagus kaseser gya mundur.

9.    Adegan Candhakan ing Kaputren Maespati
         Prabu Partawirya mangku kang garwa Dewi Danuwati, kadadak babaran mijil kakung, ananging ari-arinira wujud sanjata Cakra. Jabangbayi pinaringan nama Raden Arjunasasra.
         Katungka Bambang Suwandagni sowan kanthi gugup, matur lamun wonten raseksa wadya saking Ngalengka, nami Ditya Mangliawan, sanget digdaya saengga barisan Maespati saget kalindhih, malah samangke mengsah wus ngepung kedhaton.
         Prabu Partawirya gya magut pupuh kanthi ngagar sanjata Cakra. Prapteng alun-alun, Ditya Mangliawan binalang Cakra pejah sanalika. Hyang Kala oncat wangsul mring kahyangan, semanten ugi Prabu Wisrawana kabalang Cakra dening Prabu Partawirya temahan pejah.
         Kacarita salebeting swasana perang, Bambang Suwandagni nampi sowanira cantrik saking Jatisrana, atur uninga lamun kang garwa Dewi Danuresmi arsa babaran. Mamrma kinarya piyandel nggenira arsa nasak barisaning mengsah, Bambang Suwandagni gya nyuwun ngampil sanjata Cakra mring Prabu Partawirya. Sanjata Cakra kaparingaken ngampil, Suwandagni sigra nasak barisaning mengsah sarwi ngagar sanjata Cakra. Temahan Begawan Wisrawa mulat sanjata Cakra, rumaos giris, gya kondur hanganthi kang putra Danapati arsa kajumenengaken nata ing Lokapala.

10. Adegan Pertapan Jatisrana
         Dewi Danuresmi kang wus meh babaran, katungka rawuhipun kang garwa Bambang Suwandagni, gya pinangku temah babaran mijil kakung, pinaringan kekasih Bambang Sumantri. Dene ari-arinira kaungkulan sanjata Cakra sanalika malih dadya jabangbayi raseksa, pinaringan nama Bambang Sukasrana. Dupi wuningani semanten panguwasane sanjata Cakra, temahan tuwuh kamelikanira Bambang Suwandagni, marma sanjata Cakra tan niyat kakonduraken mring kang raka Prabu Partawirya ing Maespati, malah nulya kasingidaken lan panjenenganira tan arsa seba malih ing Maespati.

***** TANCEB KAYON *****